Illustrasi : Istimewa |
''Jare kepalane Dewan dijamin awal Desember wis nggedhog leh Sis ? Ogak usah kuwatir, ora-orane nek kedadeyan 2015 dibaleni meneh,'' cluluke Min Singo, mbuyaro ngalamune Lik Sis.
Krungu uluk salame Min Singa, Lik Sis mung mesem. Batine mono ya nyadari. lumrah kanca rakete sing jenenge Min Singo ngomong kaya ngono. Wong ncen ya ora mudheng thek kliwere nggedhog APBD. Kanggone Lik Sis, sing wis rong tahun iki dadi pegawai de pe er, apal nganggo banget "gendrane" (pegawai de pe er karo pegawai kamarintah) angger arep dho nggedhog APBD.
''Ya Min, wong nek ogak mudheng yo ngomonge gampang malah kepara nggampangno. Lha nek ngrasakno kaya aku, mbok menawa kowe ya ora gampangno kaya ngono iku. Gampang diucapke, ning angel kanggone sing nglakoni,''semaure Lik Sis.
''Angger nipak gedhogan APBD 2016 ndara genah leh Sis. Malah Mblora dadi pangeram-erame wong sak Indonesia mergane paling cepet nggedog APBD,'' bantahe Min Singo.
''Omonganem !'' Lik Sis ogak trima karo rembuge Singo, karo mrentah kancane sing wis kaya dulur sinarawedi iku ndeprok sila, perlune arep di sejarahi akeh-akeh.
Dikhandakno, nek gelem nggagas karo ati sing wening, sakjane rembug lan pituture sing "nduwe" Mblora wektu iki, bener menawa nggedhog APBD iku ora perlu cepet- nanging tepat (tepat waktu). Maksude, nyelarasno aturan, angger sakdurunge 30 Desember wis digedhog ndara ora arep ana gendro ning bumi Sami mBlora. ''Dadi beda, antarane cepet karo tepat waktu!''
''Pitutur sing ndi Sis ?'' Singa nyela rembug.
Lha iku mau ! Wis diomongno karo "Bapake Mblora", nggedhog APBD ogak perlu cepet, nanging kudu tepat wektu. Contone, Mblora nduwe pengalaman nggedhog APBD 2016 paling cepet sak Jawa Tengah.
Nanging nyatane nggedhog APBD sing luwih cepet tinimbang penggedhogan APBD Jawa Tengah, malah munculno perkara anyar. Kaya to, urung dilebokno anggaran Banprov ning APBD. Kepara, bareng anggaran Banprov iku mau dilebokno ning perubahan APBD, wektu sing ana nggo ngerjakno gawean sing sumber duike soko Banprov cupet. Babare lakon, gaweyan iku mau ora iso dicakno.
Ora Trima
Dawa-dawa ngrungokno cerame Sis, Min Singo tetep ae ora trima, ''ncen bener Sis rembugem, nanging ketoke terlalu ndakik-dakik Sis.'' Sdetengah ngedumel, Min Singo usul, mugo-mugo dirungokno. Dikandhakno, wektu iki sing baku iku bapak-bapak sing kawogan ning Mblora ojo nganti telat olehe nggedhog APBD 2017.
Soale wis jelas, menawa pemerintah pusat (Kemendagri) menehi bates wektu, APBD 2017 kudu wis digedhog watese 30 Desember 2016. Nek nganti bates wektu penetapan iku mau klewatan, sanksi tegas bakal ditampa kanggo pemerintah kabupaten lan kota. Termasuk pemerintah mBlora.
Sangsi iku mau, kepala daerah lan wakil kepala daerah, termasuk kabeh anggota DPRD ora arep tampa gaji suwene enem sasi. Sangsi liyane, arep ditunda pencairan 25 persen dana alokasi umum (DAU) kanggo daerah sing telat nggedhog APBD.
''Ya Min bener kandhaem,'' Lik Sis mbenerno usule Min Singa lan ngajak titen-titenan karo sapa ae. Menawa kepala de pe er wis janji arep ndang mbahas lan ngdehog Kebijakan Umum Anggaran dan Perhitungan Plapon Sementara (KUA PPAS) RAPBD 2017. Wong ncen wektune sing ana mung kari sithik.
''Tur meneh,'' Lik Sis nutuge rembug. Sakwise rampung netepno perubahan APBD 2016, ogak ana meneh alesan nggo nunda-nunda mbahas lan nggedhog APBD 2017. Mugo-mugo ae pihak eksekutif ndukung gaweyan nyepetno pembahasan RAPBD 2017. ''Tapi ya iku mau Min, kudu dibedakno antarane cepet karo tepat wektu nek meh nggedhog APBD,'' pesene Lik Sis mungkasi rembug. (Hendra)